Rabu, 02 Mei 2012

CERITA WAYANG

Sesaji Raja Suya

                Kacarita Prabu Brehidata (Darmawisesa) kagungan garwa loro, kang loro-lorone anggarbini lan nglairake bareng. Nanging jabang bayi saka garwa loro iku wujude ora sampurna, awake pisah klawan sirahe. Tumrap Prabu Brehidata jabang bayi kui mau kaanggep bisa andadekake negara bakal akeh sambekala. Mula jabang bayi kang ora sampurna mau banjur disingkirake dening Prabu Brehidata. Diguwang ing satengahing alas kang adoh saka manungsa.
                Ing satengahe alas gung liwang-liwung ana sawijining jin kang ambaureksa aran Jin Jara. Jabang bayi kang diguwang mau ditemu Jin Jara. Bayi kang wujude ora sampurna kaya sak lumrahe jabang bayi banjur digathukake dening Jin Jara kang sekti. Banjur digulawentah nganti dewasa lan dadi manungsa kang sekti mandraguna kang duweni watak bengis, angkara murka, kang aran Jarasanda.
                Dening Jin Jara banjur dicaritani bibit sakawite utawa riwayate nganti diguwang menyang alas dening ramane dewe (Prabu Brehidata). Jarasanda gumregah atine banjur tuwuh krenteg bakal males marang ramane kang wis tega ngguwang dheweke. Jarasanda mulih menyang negarane, ngadhepi ramane. Prabu Brehidata dibeset kulite dening Jarasanda banjur kulite ramane mau didadekake piandele supaya tambah kasektene. Jarasanda banjur madeg dadi ratu ngganteni Prabu Brehidata (ramane).
                Jarasanda ngikrarake awake bakal nguwasani Ngamarta lan Dwarawati, tanpa nggatekake caos pemute para abdi dalem. Jarasanda kang kukuh lan angkara kepingin nguwasani jagad raya. Satus negara bakal dikuwasani lan ditaklukake. Kabyantu Prabu Supala uga pangglembuke Sengkuni. Kanggo mujudake krenteg atine mau Jarasanda duwe karep nganakake sesaji awujud getihe ratu satus negara. Sesaji mau katujokake marang Bathari Durga.
                Amarga niat ala mau nerak kodrating urip lan ngrusak katentreman jagad raya. Jarasanda diadepi dening Bathara Wisnu, Prabu Kresna, Puntadewa, lan Baladewa. Prabu Jarasanda utusan marang abdine aran Prabu Hamsa kinen nglurug menyang Ngamarta. Prabu Jarasanda kapapag dening Setyaki. Setyaki ora lila yen Ngamarta dikalahake dening Prabu Jarasanda. Ing peperangan Setyaki kasoran dening Jarasanda.
                Prabu Kresna dhawuh marang Werkudara kinen mateni Prabu Jarasanda. Ing peperangan Jarasanda mati dening Werkudara nanging bisa urip meneh. Saben-saben diperjaya urip meneh, ngono sateruse. Werkudara banjur matur marang Prabu Kresna, ngandharake apa kang dadi perkarane. Prabu Kresna paring wewarah marang Werkudara bab pangapesane Prabu Jarasanda.
                Prabu Jarasanda bisa urip meneh saben-saben dipateni amarga duweni aji-aji yaiku awake kang
kablebet kulite ramane. Prabu Jarasanda bisa mati menawa awake ditugel dadi loro kaya nalika isih jabang bayi. Kocap kacarita Prabu Jarasanda kang wis tanpa daya banjur ditugel awake dadi loro dening Werkudara. Prabu Jarasanda tumekaning pati.
                Sakpatine Prabu Jarasanda, Yudhistira madeg ratu lan Prabu Kresna kang dadi pamonge. Negara dadi ayem tentrem raharjo kalis ing sambekala.





Tokoh Protagonis :                                                                                        
v  Bima / Werkudara
v  Prabu Kresna
v  Setyaki
v  Bathara Wisnu                                                                                  
Tokoh Antagonis :
v  Jarasanda
v  Hamsa
v  Supala
v  Sengkuni
v  Jin Jara

Tidak ada komentar:

Posting Komentar