Rabu, 02 Mei 2012

RESENSI NOVEL JAWA


Katresnane Rian, Nemoni Akeh Pacoban

Lelakoning urip Mariani uga kasebut Rian kang nemoni akeh pacoban pinuju urip kang mulya. Kawiwitan saka Nursanta (Santa) kang kerep banget mara menyang omahe Jektiningtyas (Tyas), yaiku putra saka budhene Rian. Rian kang uga melu budhene dadi melu akrab karo Santa. Santa lan Tyas iku kekancan wis suwe, mula ngandi-ngandi ya wong loro. Ora nyana jebule Santa karo Rian wis pada aprasetya bakal urip bebarengan, kalorone padha-padha duweni rasa tresna. Kamangka Tyas uga tresna banget marang Santa amarga sangka kulinane dolan bareng, nanging Santa ora ngerti yen ditresnani.
            Suwening suwe gegandengan antarane Santa karo Rian dingerteni dening Tyas. Dheweke kelara-lara lan nguring-nguring adhine ponakan. Rian dianggep ngrayah Santa, kamangka sejatine tresnane Santo iku dudu marang dheweke, ananging marang Riana dine ponakan. Rian diarani ora bisa males kabecikane budhene kang wis melu ngopeni lan ndidik Rian, lha kok malah gawe kuciwaning ati. Diundhat-undhat mangkono atine Rian uga kelaran, dheweke malah pasrah kepengin nusul mati ibune, nanging ora sida merga Santa bisa ngademake atine. Merga perkara iki mau Rian dadi ora kepenak marang Tyas, dheweke lila ngedohi Santa.
Santa duwe mitra kenthel tunggal sak kos jenenge Sasmaja, apa wae kang dialami kabeh dicritakake marang mitrane kuwi, semono uga Sasmaja. Santa janji bakal nduduhake wadon katresnane yaiku Rian marang Sasmaja. Dene Sasmaja dewe iku duwe lelakon kelangan wadon kang ditresnani nganti wektu kuwi, jenenge Mamik. Sanadyan ora genah ana ngendi wonge saiki nanging dheweke setya isih ngarep-arep. Nalikane Santa ngenalake Rian, Sasmaja kaget lan ora nyangka, jebul Riyan kuwi wadon sing sasuwene iki tansah dienteni lan ditresnani ‘Mamik Mariani’. Rian sejatine uga kaget, nanging kalorone mung bisa mendhem rasa kuciwa uga sedhih kanggo njaga perasaane Santa.
            Cekaking crita Santa kapeksa nikah karo Tyas amarga penjaluke wong tuwane, wong tuwane wis padha-padha ngugemi manawa sasuwene iki kalorone ajeg dolan bareng malah uga diarani pacaran. Dene Rian nikah karo Sasmaja merga kalorone padha-padha isih tresna. Sawise kuwi Tyas meteng, nalika arep lairan dheweke mati merga penyakit kolera. Sadurunge mati Tyas wis kandha marang Rian  titip anake, lan uga Santa supaya ngopeni anake. Santa sedhih lan nelangsa uripe sawise ditinggal mati bojone, nanging Rian uga seneng mbiyantu momong lan ngurusi bayine. Ananging suwe-suwe Sasmaja malah cemburu amarga ora tau di gagas, piye wae Santa biyen ya mantane bojone, banjur tuwuh rasa gething, dheweke lunga lan uripe dadi bubrah.
111.jpgSasmaja kang maune dianggep wong kang luhur bebudine amarga dhewekke guru, saiki malah kaya wong edan, maen lan mendem dadi lelakone. Rian miris atine, kepiye wae Sasmaja iku isih bojone, wong kang ditresnani. Santa ora mung meneng, dheweke mbiyantu Rian kanggo ngerih-rih Sasmaja supaya bali dadi wong kang bener lan gelem bali marang Rian. Sasmaja sangsaya nesu amarga Santa nyampuri urusane. Akhire Rian ngrumangsani yen dheweke salah, cara apa wae dilakoni  dewe tanpa direwangi Santa supaya Sasmaja bali menyang rangkulane meneh. Akhire Sasmaja uga sadar lan kalorone wiwit nglakoni urip bebarengan meneh kaya biyene.

Judul            :  ASMARA ING SALA ENDAH
Penulis       :  Eny Anggraeni
Penerbit     :  TRI TJAHJA
Edisi             : 
Tebal           :  34 halaman

Tidak ada komentar:

Posting Komentar