Selasa, 01 Mei 2012

Apresiasi Geguritan

KUDUNE KOWE WIS NANGIS

Kudune kowe wis nangis
Kudune kowe wis nangis
Winih-winih pinilih kang kodeder ing platarane langit
Sajake ora jumbuh karo moncere
Apa kowe isih wani kandha marang awang-awang
Menawa atose tanganmu waga mbedhang  eseme lintang
Apa kowe isih wani kandha marang Ajisaka
Menawa ha na ca ra ka selawase bakal nyungging lumite budaya Jawa
Apa kowe isih wani nulis tembang kanggo Ranggawarsito
Minangka pratandha menawa sastra Jawa selawase tansah padhang ing langit wetan
Pancen kudune kowe wis nangis
Jalaran wus cacir anggonmu nengeri endi watese kulon lan wetan
Apa bedane bengi lan awan
Pancen kudune kowe wis nangis

A.      Geguritan ingkang langkung endah miturut kula inggih menika “KUDUNE KOWE WIS NANGIS”, amargi geguritan menika ngginakaken basa ingkang sae saha isinipun sae,kathah piwulangipun dhumateng kita sedanten supados nguri-uri budaya Jawi.
B.      Geguritan “KUDUNE KOWE WIS NANGIS” isinipun inggih menika bab nguri-uri budaya kita piyambak inggih menika budaya Jawi.
Kita kedah rumaos bilih jaman rumiyin eyang-eyang kita sedanten sampun nuladhani piwulang ingkang becik, inggih menika bab unggah-ungguh, budaya Jawi, sastra Jawi, lan sanes-sanesipun.
Samenika kathah tiyang Jawi ingkang sampun kesupen dhumateng budaya piyambak, langkung kathah ingkang ngginakaken budaya manca (budaya tlatah kilen) ingkang boten jumbuh kaliyan budaya Jawi. Kathah tiyang ingkang boten saged mbentenaken pundi pitedah ingkang sae lan ingkang boten sae.
Kita minangka tiyang Jawi nggadhahi kuwajiban saha hak saking sedaya kala wau, inggih menika anjagi, nglestarekaken, nguri-uri supados ing jaman samangke boten asor lan ical.
C.      Unsur ingkang ambangun geguritan “KUDUNE KOWE WIS NANGIS” inggih menika :
Ø  Unsur Swara
1)      Purwakanthi Swara : purwakanthi ingkang sami suwantenipun ing pungkasan.
Tuladha : Apa kowe isih wani kandha marang Ajisaka manawa a n c r k  selawase bakal nyungging lumite budaya Jawa.
Ø  Unsur Tembung
1)      Reduplikasi : Kudune kowe wis nangis....., Apa kowe isih wani....
2)      Dwilingga pada swara : winih-winih, awang-awang
3)      Tembung entar : atose tanganmu
4)      Bebasan : eseme lintang
5)      Jarwo dhosok : awan-wengi, etan-kulon

Tidak ada komentar:

Posting Komentar