Rabu, 02 Mei 2012

geguritanku

Kelangan Katresnan

Ing sajroning mangsa ijen
Kangen iki tansah ngancani
Wewayanganmu angel dakilangi
Pengen banget aku ngeculake
Ananging atiku nora bisa luput saka pangarep-arep
Andadekake kakuwatan kasetyaning ati
Mantebake awakku lan nutupi rasa wirangku
Saupama awakmu ana ing ngarepku
Aku ora ngandel bisa aruh-aruh marang sliramu
Malahan nyawang sliramu saiki wis ora bisa
Janjane aku wadon sing kuat
Nanging dadi ringkih tanpa daya amarga sliramu
Nalikane tresnamu kokwenehake marang liyan
Wasana kokpateni tresnaku marang sliramu
Sangsaya lungkrah, agawe tatu ing atiku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar